Klepon ijo
Klepon yaiku panganan khas Jawa Tengah sing digawe saka beras ketan, klepon klebu jajan tradisional. Ciri fisike klepon yaiku bentuke bunder, warnane ijo, njobone diwuwuri klopo, rasane manis amarga njerone ana gula jawane lan gurih amarga ana klapane.
Bahan-bahanr yaiku tepung beras, gula aren, pandan, klapa, gula pasir lan uyah.
Cara nggwene klepon yaiku campurke tepung ketan lan gula pasir lan tambahi uyah, campur pewarna karo banyu banjur disokake sithik kambi diuleni tekan adonane keset lan bisa dibentuk. Jupuk sithik adonan banjur dipipihke, lan diiseni gula jawa banjur dibentuk bunder, umubke banyu ing jero panci, bubar umub banjur adonan sing bunder-bunder mau dicemplungke ing banyu kang umub mau, enteni tekan klepon ngambang, sakwise ngambang banjur diangkat langsung diwei parutan klapa kukus. Jajanan klepon siap dipangan.
Ayo sedulur-sedulur padha nglestarikake jajanan tradisional iki, jajan iki rasane enak, murah, lan gawe wareg. Aja nganti jajan iki ilang lan diakui marang negarane wong liyo.

Komentar
Posting Komentar